Menyang kontèn

Nokia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Toko Nokia ing Würzburg, Jerman

Nokia iku produsén piranti télékomunikasi kang gedhé ing donya lan kalebu prusahaan kang gedhé ing Finlan.[1] Kantor pusate manggon ing kutha Espoo, Finlan.[1] Nokia misuwur amarga prodhuk-prodhuk tlepon genggam.[1] Nokia nggawe tilpun genggam utawa hp kanggo kabèh pasar lan protokol utama kalebu GSM, CDMA, lan W-CDMA (UMTS).[1] Ana uga kang ngarani NOKIA asalé saka jeneng komunitas kang manggon ing kali Emakoski ing Finlan kidul.[2] Sajeroning dadi penguwasa pasar ponsel kang gedhé dhéwé sadonya, Nokia uga tau ngalami pacoban.[1] Nokia iku dijupuk saka jeneng kali Nokianvirta kang mili saka kutha Nokia ing region Pirkanmaa.[1] Sadurungé nggawé piranti telekomunikasi, Nokia uga tau nggawé ban, sepatu boot, tivi, lan prodhuk umum liyané.[1] Tune Nokia kang sepisanan iku digawé karo Fransisco Tarrega.[1] Dhèwèké iku komposer Spanyol lan gitaris nalika kalamangsa Romantic.[1] Nada dering nalika nampa sms kang ana ing ponsel Nokia sajatiné yaiku kodhe morse kanggo SMS.[1] Istilah GSM kang sepisanan digawé lumantar jaringan kang disuplai Nokia nalika taun 1991 ing Helsinki.[1] Nalika iku dadi wektu kang sepisanan kanggoné mahamantri Helsinki kang jenengé Harri Holkeri nganggo ponsel Nokia.[1]Piranti penganalisa detak yaiku perangkat elektronik kang sepisanan digawé Nokia nalika taun 1962.[1] Mobira Talkman iku ponsel Nokia kang sepisanan kang digawé nalika taun 1984.[1] Nalika iku regané kurang luwih 4500 euro.[1] Dené ponsel layar sentuh kang digawé nokia kang sepisanan yaiku Nokia 7710 kang digawé nalika taun 2004.[1] Nokia 1100 dadi ponsel kang paling laris nalika sasi Mèi 2001.[1] Ponsel Nokia N Series kang sepisanan digawé kanthi bareng-bareng yaiku Nokia N70, N90, dan N91.[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r suaramerdeka.com Archived 2011-03-03 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)
  2. lintasberita.com Archived 2011-09-26 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 12 Agustus 2011)